Selamat Datang di Blog Yuniara

Tuesday, September 11, 2012

SARASEHAN “ASOSIASI PANAKAWAN” ING KRATON SURAKARTA

SARASEHAN “ASOSIASI PANAKAWAN” ING KRATON SURAKARTA
Pangarsa Sarasehan : Sugeng siyang,
Bapak Sudarmin minangka pamomong “ Asosiasi Panakawan “ ingkang satuhu kinurmatan, sadherek Mahatma minangka pangarsa “ Asosiasi Panakawan “ ingkang kula urmati, semanten ugi para mitra “ Asosiasi Panakawan” ingkang dhahat kinurmatan. Ing siyang punika mangga kita tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Allah ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, ing siyang punika kita saged pepanggihan saperlu ngayahi sarasehan kanthi uderan “Biji Bahasa Jawa kaserat dhateng ijasah”, mugi-mugi dumugi purnaning acara mangke sageda kali sing rubeda, Amin. Salajengipun, kula sumanggakaken dhumateng Bapak Sudarmin supados ngandaraken punapa ingkang dados pangajeng-ajeng babagan biji basa jawa saged kaserat wonten ing ijasah. Dhumateng Bapak Suyitno kula sumanggakaken.
Bapak Sudarmin      : Matur nuwun awit kalodhangan sampun kaparingaken dhumateng kula, para kadang mitra “Asosiasi Panakawan” ingkang kula tresnani, mbok bilih wonten kalodhangan punika kula mboten badhe ngandaraken kathah-kathah gegayutan kaliyan perkawis ingkang nembe kita raosaken sareng-sareng inggih punika kados pundi rekadayanipun supados biji basa jawa saged kaserat ing ijasah samangke? Gegayutan kaliyan perkawis punika kula namung ngantu-antu gumregeting para kadang mitra ing ngriki murih saged sareng-sareng nyengkuyung punapa ingkang dados ancasipun “Asosiasi Panakawan”punika. Pramila sumangga para kadang mitra ing ngriki kersa paring sumbangsihipun murih kasil punapa ingkang dados pangajeng-ajeng kita sedaya. Matur suwun.
Pangarsa Sarasehan: Para rawuh ingkang kula urmati, mekaten kalawau punapa ingkang dados pangajeng-ajengipun Bapak pamomong kita. Pramila kula sumanggaaken dhumateng para kadang ingkang badhe atur pangandhikan ingkang awujud gagasan enggal, panyaruwe utawi sanes-sanesipun.  
Bapak Bambang         : Kula sarujuk kaliyan pangandaranipun Bapak Sudarmin. Basa jawa saperlu saged kaserat ing ijasah. Supados para siswa enggal merhatekaken basa daerahipun kita sedaya. Ugi saged nglestantunaken basa jawi ingkang sampun ical wonten para kadang muda.
Ibu Erna                        : Kula kirang sarujuk kaliyan pangandharanipun Bapak Bambang